Laman

Cari Blog Ini

Selasa, 22 November 2011

"nostaLgia" wedjangan pinisepuh: mbok menowo sliramu moro dhayoh sak paran paran, ojo mung nguntal sok glogok anane tembung sanepan: "dhayoh kuwi Ratu..." nanging ngertenono, menowo: "tuan rumah kuwi Dewo... !". mulo yo ngger,,, lali-lali den elingo ojo nganti lali: sing pinter olehmu ngengerke awak, ojo sok nduweni patrap adigang adigung adigono sopo siro sopo ingsun, ojo nganti nyulani atining liyan, ojo nganti pedhot ilat mergo pangucapmu, ojo nganti pedhot gulu mergo tumindakmu... lembah manah andhap asor tepo sliro kudu mbok' enggoni, sekabehing solah bowo muno lan muni mu, tansah anganggo'o totocoro lan totokromo,,, becik kuwi yo kudu bener, bener kuwi yo anane mung kanggo bebener. *surodiro jayaning kang rat, suro brastho cekap ing olah darmastuti* Rahadjeng sagung Dumadi

Tidak ada komentar: